Mbuh


Maksude sepira suwene aku lan panjenengan betah nulis ing blog. Suwe banget aku ra nulis ing blog iki. Awit ana Facebook lan twitter, aktivitas ngeblog dadi keleleran.

Iki jelas ora becik. Eman-eman, aktifitas nulis iki sakjane cukup nyenengke, nanging kenapa dadi wegah?. Mbok menawa perlu obat kuat ben semangat maneh olehku nulis. Iki lagi tak goleki…

Aku nyabrang dalan ngarepe pasar Jatingaleh lewat jembatan penyebrangan. Senajan papan-papane katon wis tuwa merga kodanan lan kepanasen nanging isih kuwat banget merga saking kandele.

Sakwise munggah undhak-undhakan aku mambu ganda kotorane manungsa. Aku lingak-linguk golek sumbere ganda kuwi. Oooo pranyata ana sing kurang gaweyan. Kotoran kuwi jebul di oleske ning plat penutup kiwa tengene penyebrangan. Waah jan manungsa sing ora bersyukur, barang digawe larang-larang malah diregedi, aku bingung mikirke jan-jane apa karepe wong sing ngotori kuwi…

Aku lagi wae bar jagongan kara kanca sing dadi anggota dhewan tingkat kabupaten. Crita ngalor-ngidul awit kampanye nganti dadi. Uga ncritakke kanca-kanca dhewan liyane. Merga partaine oleh kursi mung sithik, dhewekne gabung karo partai liya nggawe fraksi gabungan.

Nah, ing fraksi gabungan kuwi kancaku kumpul karo anggota dhewan saka partai liya. Jarene ketua fraksine lugu banget merga mbiyen mantan PNS. Wis meh setahun dadi anggota dhewan, ana sing nganyelake, ana salah sijine kancane sak fraksi sing ora tau ngomong sak kecap wae ing rapat-rapat. Aneh banget, mesthine anggota dhewan dipilih lan dibayar minimal kudu isa ngomong. Lha yen ngomong wae ora nate, njur apa gaweyane ing gedhung dhewan?

Coba njenengan amati, akeh endi wong sing mbuang karcis tol karo sing ora sakwise mbayar. Aku sering ngamati, ora kuwi mobil elek, mobil apik, wonge elek, wonge bagus lan ayu, luwih akeh sing mbuang karcis tol saknalika sakwise ditampa.

Sisi positipe, nambahi lapangan pekerjaan kanggo tukang sapu ing pintu tol. Negatipe, awake dhewe pancen wong ndesa !!!

Sinambi sarapan aku ditemoni pak J. Mohon menghadap komandan…Aku kudu ngguyu, memange aku tentara, diundang komandan.
Ada yang bisa saya bantu Pak?,
Ini ndan, saya sudah menghadap Bu N, manajer Unit, minta layanan cepat untuk Kolonel M.
OK, coba saya bantu, mana suratnya Pak?
Maaf ndan, suratnya tidak ditembuskan ke bapak.
Nggih mpun, mangga surate dipun fotocopy riyin….(aku nganggo basa jawa)

Sakwise fotokopian tak tampa, njur tak waca. Aku njur nelpon Bu Manajer N, tak takoni apa wis nampa surat sing lagi tak waca? Jarene wis, nanging….pak Kolonel njaluk Gratis !!!

Aku mung mesem, pengine ngguyu ngakak. Jaman ngene kok isih njaluk gratis, parkir wae sakiki rong ewu, pipis sewu, wong ngamen minimal limang atus.
Bu N kandha, nek mung sejuta isa tak gratisi pak (haaah, gratis sejuta?), ning iki rong njuta luwih. Njur piye? Bu N tak kon rembugan karo Pak Kolonel, kon urun sithik-sithik ra papa. Mosok rong njuta luwih njaluk gratis…

Esuk iki aku donor darah maneh. Rutin telung sasi sepisan. Sing mriksa ganti Ibu-Ibu, biasane Pak Dokter. Tak takokke petugase jarene bapake sing biasane mriksa wis kesel, njaluk leren. Sing beda maneh sakiki ana pemeriksaan hb. Drijiku dicoblos nganggo dom. Emane ora nganggo alat sing biasa kanggo ngetes darah kae. Dadine dicoblos langsung, mak jrot, wadhuh….larane ra karuan. (lebih…)

Aku duwe HP sepisanan kira-kira tahun 1998, wektu kuwi nganggo kartu Mentari. Kira-kira ing tahun 2008, kartuku kuwi tak migrasi dadi kartu pasca bayar Matrix sing kena abonemen selawe ewu sesasine, tujuanku ben gampang olehku mbayar ora ndadak tuku voucher.

Ing awal Januari 2010, ujug-ujug nomerku Matrix ora isa tak enggo ngirim SMS lan nelpon. Mangka tagihane wis tak lunasi. Enggal-enggal aku nyang Customer Service Indosat, jarene aku kena soft block sing otomatis dikenakke yen aku nganggo luwih saka rong atus ewu. Sak elingku, wektu aku ndaftar Matrix ora ana perjanjian iki. Tur maneh mosok rong atus ewu wis di blok. Intine, aku dicurigai ora bakal kuat mbayar yen tagihanku luwih saka rong atus ewu.

Akhire kanti ati ora mangkel aku njaluk di aktifke maneh, nanging aku janji yen iki kedadeyan maneh bakal langsung tak bubari olehku langganan.

Lha….jebul tenan, ing awal juli 2010, kartuku diblok maneh. Langsung wae aku nyang CS e Indosat njaluk mandhek langganan. Tak bayar tagihanku terakhir satus wolung puluh ewu punjul sithik, malah durung ana rong atus ewu wis diblok.

Wis dadi nasibe wong mlarat, ora dipercaya nganggo kartu pasca bayar. Balik maneh tuku voucher sakiki, nasib…nasib….

Kersaning Gusti Allah, aku isa tekan Palembang. Beja tenan, ing kana aku ketemu kanca-kanca lawas sing wis 15 tahun ora ketemu. Gunggung ana wong 7 isa kumpul. Kabeh wis malih, terutama wetenge, gendhut-gendhut. Iya, kuwi kanca-kancaku wektu mlebu bareng ing pabrik iki. Nasibe macem-macem, mung aku sing isih ketinggalan, jabatane wis padha dhuwur-dhuwur. Ning ra papa, sing penting aku tetep ning Jawa kumpul wong tuwa lan mertua…

Ngomong ngalor ngidul, ngomongke kanca-kanca liyane sing wis padha sukses, nganti sing ora sukses. Sing wis di PHK, sing nembe wae di grounded merga selingkuh lan liya-liyane. Sing ngagetke, jebul ana kanca loro sing nembe wae di grounded merga selingkuh, padhahal jabatane wis dhuwur. Luwih nelangsa maneh, di grounded ning luar Jawa, padhahal omahe ing Jawa. Persis unen-unen, tuwa-tuwa kena godha.
Muga-muga Gusti Allah maringi kekuatan ben kuwat ngadhepi godhaning ndonya…

Gambar iki tak scan saka Kompas dina iki, kemis, 27 mei 2010 kaca 29. Apane sing menarik?

Coba diwaca keterangan ing sisih tengene gambar, ing kono ditulis Roger Federer menyeka dahinya dengan telapak tangan…Panjenengan sedaya mesthi ngerti, sing jenenge telapak tangan iku ngendi. Jelas banget, Federer ora nggunakke tapak tangane nggo ngelapi dahine, nanging nganggo ‘ugel-ugel’ sing diblebed kain. Mbok menawa wartawane bingung olehe nerjemahke saka sumber asline.

Iki berita asline, lagi ketemu:

Lan iki gambar asline

Ora pisan pindho aku ketamon priyayi sing dhewekne njur kandha yen nasibku luwih apik tinimbang dhewekne. Dhewekne ra ngerti yen aku luwih stress, luwih akeh duwe masalah, luwih akeh wewadi sing tak simpen tinimbang dhewekne.

Awan iki, tamuku pengusaha pom bensin, pensiunan pegawai DPU lan nom-noman siji. Kaya liyane, dhekne kandha aku luwih enak tinimbang dhewekne. Nganti aku ngetik tulisan iki aku mikir, apa sing kurang saka tamuku iki. Dhekne teka pengin proyekke ndang kelar, merga yen proyekke kelar mesthi bathine tambah akeh. Nanging aku mung bisa ngladeni sesuai prosedur, ora bisa dicepetke. Coba dipikir, apa sing kurang saka tamuku iki, pengusaha, proyekke tambah akeh, isa ngrasa kurang beja.

Bener kandhane simbokku, kabeh mau mung wang sinawang, sukete tangga luwih ijo jarene.

« Laman SebelumnyaLaman Berikutnya »