Mbuh


Akhir tahun 2013 aku melu munggah gunung. Tepate munggah puncak sangalikur utawa puncak 29, salah sijine puncak ning Gunung Muria. Sakwise shalat Asar ing mesjid desa Rahtawu, sak rombongan banjur mulai mlaku ngliwati dalan aspal menyang desa Semlira. Sak dawane dalan pemandangane katon nengsemake, dalan kelak-kelok lan munggah mudun,  banyu kali sing gemrujug ing antara watu-watu lan tanduran ijo royo-royo sak kiwa tengene dalan, nyenengke banget.

Wektune Maghrib rombongan wis tekan desa Semlira, aku isih sempat tuku teh panas sak durunge shalat Maghrib. Sak wise shalat kahanan mulai peteng, dalan aspal lan dalan beton semen wis entek. Perjalanan menuju puncak Sangalikur ditutugke maneh ngliwati dalan setapak. Senajan dalan setapak mung saka lemah nanging pendhudhuk kono padha wani numpak sepedha motor lewat dalan iki. Mangka dalanane ambane mung sak meteran lan ing pinggir jurang.
(lebih…)

Alhamdulillah, barange wis teka. Kira-kira sesasi kepungkur aku tuku barang saka Guangzhou lewat eBay. Wis beberapa barang sing tak tuku lewat eBay, rata-rata saka Tiongkok. Tiwas aku wingi komplain merga barange ora teka-teka.

Bakule uga sempat njawab, yen nganti tanggal 17 mei barang ora teka, arep dikirim maneh saka Guanzhou. Aku njaluk ngapuro ning bakule merga ora sabaran. Padahal biasane yo memang sesasi tekane. Iki sesasi kurang rong dina wis teka.

Pak M dolan ning nggonku njur jagongan ngalor ngidul. Jarene bar kena sawan merga wingi layat karo aku ning nggone pak J. Panjenengane crita yen layat njur weruh peti mati sing digotong, mesthi sakwise kuwi awakke njur gemreges.

Aku njur menehi saran, nek nderek nyolatke pripun? Jarene padha wae, wis dicoba nyolati ngarep mayit isih wae sawanen.

Ndhik aku isih cilik ing antarane bocah-bocah sak kancaku sering muncul istilah iki. Yen ana wong mati padha ora wani ndelok. Kuwatir sawanen. Ora ngertia sakiki isih ana wong sawanen.

Yen pas lunga nyang luar Jawa, piye rasane ketemu padha-padha wong Jawa? Mesthine seneng, apa maneh wong kuwi tangga dhewe, wong sak kecamatan utawa wong sak Kabupaten.

Esuk kuwi aku kudu menyang ATM merga wis booking ticket pesawat. Saka ngarep hotel melati aku tolah-toleh golek becak nurut kandhane resepsionis. ATM cukup adoh kanggone wong kesusu, mula kudu numpak becak utawa ojeg. Alhamdulillah ujug-ujug ana becak lewat, njur tak undang.

Tanpa nganyang mbayare aku njur numpak becak menyang ATM BNI. Tukang becake nganggo basa Indonesia nanging aku nangkep siji loro ukara isih mambu basa Jawa. Njur tak takoni, asli kene apa sapa ngendi. Ndhekne njawab saka Jawa. Ngomong ngalor ngidul akhire aku ngerti nek dheweke isih tangga kecamatan.

Dhekne uga crita yen akeh wong Jawa khususe sing sak dhaerah karo dhekne sing mbecak ing kutha iki. Tak takoni kenapa ora mbecak ning Jawa wae….jarene ing Jawa sepi. Tenan apa ora aku ra ngerti, sing jelas ing kuthaku ing Jawa isih akeh tukang becak.

Tekan ATM dhekne tak kon nunggu sedhela. Mbayar tiket pesawat sempat gagal, ditolak. Nanging aku entuk SMS pembayaran berhasil. Let pirang dhetik oleh SMS maneh…dhuwit dibalekke dening BNI. Aneh, kaya dolanan, dhuwit isa mlebu metu. Akhire tak coba maneh, nek iki bener-bener berhasil, oleh SMS maneh.

Bubar kuwi aku nggoleki tukang becak mau, lha kok ora ana. Jebule wis ning sebrang dalan. Dalane cukup rame, dalan ing ibukota propinsi ing Sumatra. Sakwise rada sepi aku nyebrang…ing kono ana tukang becak liyane. Njur tukang becakku kandha, Pak kuwi tanggamu yo mbecak, walah aku kaget, tak takoni ngendi desane. Jebul tenan, dhekne saka tangga desaku.

Nganti iki aku isih mikir, kenapa sedulur-sedulur wong Jawa ndadak lunga tekan Sumatra mung dadi tukang becak. Nek mung trima mbecak kenapa ora ning kuthane dhewe, utawa paling adoh ing kutha sak propinsi. Apa merga isin karo tanggane? Apa mbecak ning Sumatra luwih entheng timbang ing Jawa? Mesthine padha abote. Muga-muga Gusti Allah paring rejeki kang barokah kanggo sedulur-sedulur wong Jawa sing mBecak ing luar Jawa, amin.

Piye apike?

Mbah Djon kirim BBM isine penjaluk marang sapa wae sing gelem donor darah golongan darah A Rh -. Penjaluk kuwi banjur tak kirim nyang group BBM. Ana siji kanca sing golongan darahe A. Eman dhekne ra weruh Rh ne. Lan dhekne ya ra ngerti Rh kuwi apa.

Aku njur mbukak wikipedia, sakliyane penggolongan darah ABO pancen ana maneh penggolongan darah berdasar faktor rhesus yakuwi rhesus – lan rhesus +. Intine yen ing permukaan sel darah merah ana faktor rhesus njur disebut Rh +, sakwalike yen tanpa faktor rhesus disebut Rh -.

Antarane donor karo penerima / resipien sakliyane kudu padha golongane, ideale uga kudu padha Rh ne kanggo meminimalisir penolakan, ngono jarene kanca dokter.

Yen wingi aku nulis tentang sleko sing tegese tikungan, dina iki aku nulis tentang panjunan. Ing tulisan wingi aku kandha yen durung ngerti tegese panjunan. Dina ini kanthi bantuan mbah google, akhire ketemu ing kene.

Panjunan kuwi jebule tegese tukang gawe priuk / belanga. Sakiki panjunan sing tak ngerteni dienggo jeneng panggonan. Ing Kudus ana desa Panjunan, ing Pati uga ada desa Panjunan. Yen di googling bakal ketemu panggonan ing kabupaten liya sing jenenge Panjunan.

Sekolah jaman sakiki memang luwih angel tinimbang jamanku mbiyen. Awit mau bengi aku ngajari anakku sing esuk iki ulangan bahasa Ingris. Ulangane bab angka, angka siji tekan limolas.

Anakku isih bingung yen dibedheki angka after karo before. Misale: the number after seven is…. utawa the number before ten is….

Karo nganter sekolah anakku tak bedheki. Ketoke wis rada mudheng. Nanging ya mbuh mengko pas ulangan. Muga-muga wae isa nggarap.

Apa ta nikmate ngeblog? Sakwise beberapa bulan prei ngeblog merga kedanan Facebook, Twitter lan BBM lha kok aku pengin ngeblog maneh. Iki merga aku ntes wae nginstall google chrome, njur ing Chrome Web Store ana extention wordpress.

Awale aku meh nambahke Angry Birds lan Game-game liyane, eee kok malah nambahke wordpress. Ya wis nek ngono, mulai ngeblog maneh…


Nyoba nggawe polling, nganti sakiki, sekolah-sekolah dasar ing Jawa Tengah isih ngajarke pelajaran Basa Jawa. Miturut Panjenengan, Pelajaran Basa Jawa iki penting apa ora?

Laman Berikutnya »