Kadar asam uratku esuk iki 7,1 mg/dl. Ora ana karep arep ngukur kadar asam urat, kabeh mau mung kebeneran. Aku priksa nyang dokter merga flu. Ing meja dokter tak waca, melayani test asam urat dan gula darah. Mesisan tak kon ngukur asam urat lan gula darahku, asile asam urat 7,1 lan gula darah 91.

Aku diwenehi allopurinol, obat generik. Tak waca ing wikipedia, allopurinol isa nyebabke gangguan pencernaan, sel darah putih lan ati. Nanging ra papa, tak cobane dhisik, mbok menawa ana penurunan kadar asam urat.

Kira-kira limang tahun kepungkur aku uga nate ngukurke kadar asam urat, wektu kuwi kadare 7, sendhi jempol sikilku wektu kuwi wis krasa lara, kulite mengkilat wernane njambon. Sakiki sendi jempol sikilku ora patiya lara, mung yen tangi turu rada krasa sithik.