Saka kaca iki aku nemu rancangan antenna collinear 144 Mhz. Asline nggo frekwensi 444 Mhz. Wis loro kancaku sing tak kon njajal. Asile…Coaxial collinear

Saka jarak kira-kira patang puluh kilo, nganggo HT telung watt, sinyal tak tampa patang strip ngganggo S metere pesawat Alinco DR135, dibandingke, lumayan gedhe timbang kanca sijine sing nganggo antenna telex gaweyan toko, sinyale ra ana sak strip.

Saka jarak kira-kira 125 km, kanthi power 50 watt, sinyal tak tampa patang strip, imbang karo kanca sing nganggo antena mirip Hustler .

Percobaan pungkasan, gunggune kethokan coax ditambah nganti sepuluh, aku durung ngamati hasile…