Ngerti-ngerti aku wis ana ing antarane kerameyan kuwi. Aku maju, tak deleng ana mayit sing diwadhahi plastik kaya ing TV-TV kae. Mak tratab atiku, mayit kuwi wong sing arep dipateni dening kancaku kaya rembugan sak durunge. Sing marahi ntratab, aku teka ing pirembugan kuwi…

Aku njur bisik-bisik karo kancaku sing uga melu rembugan, awake dhewe bar iki mesthi digoleki polisi, tak gawa kancaku ing panggonan kang sepi. Tak lirik ing sebrang dalan ana wong sing ora tak kenal sajak ngawasi aku sak kloron/berdua. Kuwi mesthi intel batinku…

Aku njur enggal-enggal ninggalake panggonan kuwi, aku mung mlaku nganti sak wetara suwe. Aku nemu ana pengajian, aku njur melu mlebu bareng-bareng karo wong-wong sing padha telat.

Karo ngrungokke pengajian aku ngrasa wedi banget, tak bayangke yen kancaku sing mateni wong mau kecekel mesthi dhewekne bakal crita sapa wae kang terlibat termasuk aku. Iki pembunuhan !!! mesthi ukumane bakal suwe, yen aku dipenjara mesthi aku ya njur dipecat saka gaweyanku, njur anak bojoku piye…Aku bingung piye cara mlayu saka masalah iki.

Ujug-ujug mak gregah…aku nglilir…aku isih dheleg-dheleg, pranyata aku ngimpi, ngimpi sing elek banget.