Awit aku omah-omah nganti sakiki, rumangsaku aku ora tau terbebas saka utang. Wis nasibku, urip pisan wae senengane utang. Jan-jane ngono ora seneng utang, iki kepeksa, utawa memaksakan diri.

Kanggo nikahan, aku utang, sakwise kuwi utang sepedha motor. Durung lunas sepedha motor wis utang omah. Diteruske utang mobil. Ah mbuh, nek kon mbayar cash ra ana dhite, wis piye maneh. Tapi aku tansah mbayar cicilan tepat waktu.

Sakliyane seneng utang, aku nate mbantu kanca golek utang. Kancaku utang lewat aku, iki jelas beresiko, piye yen dhekne ra mbayar? Mesthi aku sing ditagih. Lha….jebul tenan, kancaku mblenjani janji, nganti berlarut-larut utange ra dibayar. Tak bel tak sms ora ana jawaban sing pasti.

Akhire aku njaluk tulung kancaku liyane nagih utang kuwi. Lha kok dadine saya runyam. Kancaku sing utang kuwi nesu, dhekne nesu merga aku kandha karo wong liya yen dhekne duwe utang. Wadhuh, lha wong dhekne ora ana iktikad mbayar kok, malah aku sing diseneni. Sakiki, aku wis kapok, padhahal aku sak rupiah wae ora njupuk untung wektu nyilihke dhuit kuwi.

Kancaku sijine duwe kasus meh padha, nganti aku nulis iki dhekne durung mbayar utange. Nek sing siji iki pancen ndhableg, tak tagih, tak sms, jawabe sesak-sesuk wae. Wis luwih saka setahun, nanging ora ana tandha-tandha dhekne arep nglunasi. Wingi tak sms maneh, tak kon adol apa wae sing diduweni. Dhekne janji meh adol sepedha motore. Nanging utange luwih akeh saka rega sepedha motore. Njur kepiye?