Awan iki aku jumatan ing mesjid tertua ing kutha iki. Tekan mesjid shaf sing paling ngarep isih ana sing kosong, aku njur milih lungguh ing kono. Shalat rong rekaat lan sakteruse. Sing khutbah pak Kyai biasane. Alhamdulillah aku ora ngantuk nanging aku rada kangelan konsentrasi ngrungokke khutbah.

Akhire shalat jumat wis bubar, tak tutuge shalat rong rekaat. Arep balik kanan mulih tak deleng ana bapak-bapak sing biasa lungguh ngarep mimbar. Kenapa mesthi tak titeni, sebab bapak kuwi mesthi nganggo pakaian olah raga yen jumatan.

Mbuh kenapa aku ra setuju yen bapak kuwi jumatan nganggo pakaian olah raga. Aku yakin yen bapak kuwi arep ngadhep bosse ing kantor ing dina-dina dhines mesthi ora wani nganggo sandhangan sakkarepe dhewe. Apa maneh yen jagong manten, mesthi bapak kuwi ora wani nganggo pakaian olah raga.

Lha iki ngadhep Gusti Allah…Mbok menawa bapak kuwi golek praktise, bubar olah raga langsung jumatan, ra perlu salin. Utawa nduwe panganggep Gusti Allah ora ndeleng sandhangane nanging ndeleng niate. Utawa…aku ra ngerti alasane.

Ing Al Qur’an Surat Al A’raaf ayat 31, Allah wis ngendikan: “Hai, anak adam, nganggoa sandhangan kang endah ing saben mlebu mesjid, mangan lan ngombea, lan aja keladuk, saktemene Allah ora seneng marang wong-wong kang keladuk (berlebih-lebihan)”

Prentahe Gusti Allah wis cetha, kita arep ngadhep pejabat wae ora wani nganggo pakaian olah raga, apa maneh ngadhep Gusti Allah…