TS450

TS450

Dibanding karo Yaesu FT857D, sing tak senengi saka pesawat iku yaiku automatic tuner. Antenne rotary dipole 2 band 80 lan 40 meter sing tak pasang isa tak nggo ing kabeh band HF sakwise nganggo pesawat iki.

Receiver-e menurutku ra ana bedane karo FT857D, mung ana selisih penunjukan ing s meter. Yen ing FT857D nunjukke S9, ing TS-450 isa nunjukke 20db sak nduwure S9.

Aku ra ngerti sepira batese swr sing paling dhuwur sing sanggup di tune dening radio iki. Tak coba nganggo antene double bazooka ing 11 mc sing match ing 11.8 mhz, tuner-e kangelan nggolekki swr sak ngisore 1.5 ing frekwensi 11.425. Nanging nganggo antene rotary malah cepet banget olehe nge tune.