Maca surat pembaca ing harian nasional esuk iki, aku kok pengin komentar. Iki komentare wong meri apa komentare wong sing kurang gaweyan, mbuh aku ra ruh.

Surat pembaca kuwi isine complain sawijingan pawongan marang pelayanan restoran. Dicritakke yen dhekne wis mbayar uang muka atusan ewu sakdurunge mangan kanthi pengarep-arep mengko sakwise mangan oleh diskon.
Nanging pranyata dhekne ora oleh diskon sakwise mbayar lewat kartu kredit, mula dhekne njur komplain lewat koran.

Pancen wis dadi hake wong kuwi complain marang janji kang ora ditepati, iki sikap sing becik, nanging nilik isine complain aku kok rada kepiye ngono…lha wong menehi uang muka ae isa kok, ora oleh diskon wae kok ndadak nulis ing koran. He he he, jelas ing kene aku meri, merga aku mangan ra tau nganggo uang muka.

Esuk mau aku mangan mung entek pitung ewunan ing warunge bu Yayah, menu komplit kaya biasane, rica-rica ayam, sayur sawi, tempe lan es teh… Dhasar aku wong gak patiya duwe dhit, mangane pilih warunge mahasiswa. Lha wis piye, sakliyane murah, rasane ya cocok, tur maneh efeke padha karo yen aku mangan ing restoran, padha WAREGE….

He he he, aku ndhesa banget, wong mangan ing restoran kuwi kan ora mung golek wareg. Nanging nek wis niat mangan ing restoran, nek ora oleh diskon ya ditrimak-trimakke, utawa yen arep komplain, ora usah wong liya ngerti, saru, isih ana wong sing mangane mung entek pitung ewu, limang ewu , malah kurang saka kuwi ya ana…