Ntes wae tak waca blog-e kancaku, mung siji komentarku: hebat. Saiki dhekne wis dadi trainer motivasi. Ana sing ngganjel ing pikiranku, beda banget karo kancaku, dhekne wis netepke tujuan-tujuan uripe sing gunggunge puluhan lan sebagian gedhe wis kaleksanan. Nanging aku….???

Nganti dhetik iki aku mung ngrasa yen uripku mung mili kaya banyu kali. Aku mung njagakke kabegjan-kabegjan. Ora tau aku duwe karep sing gedhe banget marang sawijining perkara sing ndadekke aku mati-matian mujudake.

Yen tak pikir, aku ora tau nduwe cita-cita sing maton. Persis kaya unine kancaku yen misuh mbiyen:”oo..cah ra duwe cita-cita”. Mung siji sing tak eling-eling wektu kuwi isih SD, aku didangu bu Guru, apa cita-citamu, aku pengin dadi ahli teknik. Yo mung kuwi pernyataan cita-cita sing tau tak deklarasikke.

Aku mung nglakoni urip kaya iline banyu, mung kabegjan sing diparingke dening Allah swt sing ndadekke aku isih betah urip. Ya, dongaku mben dina mung njaluk kabegjan, kabegjan ing sakabehing babagan sing tak karepke. Sederhana ta?

Dene karepku apa? Ya akeh, tur nganggo banget. Tur aku wonge opportunis, sing nggawe uripku luwih kepenak, luwih entheng asal ora nerak angger-anggere Allah swt mesthi tak lakoni. Contone aku luwih seneng numpak taxi tinimbang numpak bis sing kebak wong ngrokok, lho.. numpak taxi mesthi luwih larang . Jelas, mula aku ndonga marang Allah swt ben diwenehi rejeki sing cukup, orang mung cukup kanggo numpak bis. Sederhana ta?

Aku uga ora seneng kerja sing ngandhalke fisik, merga awakku ringkih, mula aku golek kabegjan, aku golek gaweyan sing entheng-entheng wae, kanthi ndonga marang Allah swt aku diparingi gaweyan sing entheng-entheng. Sederhana ta?

Uripku terlalu sederhana, aku wegah sing angel-angel, sing ngentekke wektu, sing gawe kesel, sing gawe gawe susah, sing gawe stress, sing nambah musuh, kabeh aku wegah….aku mung pengin begja…sederhana ta?