Yen aku lagi nyetir sing adohe puluhan kilometer, kerep muncul ide-ide sing pengin tak tulis ing blog iki. Nanging piye maneh, genah ora mungkin aku ngetik/nulis sinambi nyetir.

Yeng wis tekan omah, biasane awakku wis kesel, arep ngurupke komputer wegah, mangka koneksi internet ing ngomah ora ana masalah, anteneku dhuwure rong puluh meter wis diuji lindhu lan lesus, tetep “on air” wis meh rong tahun.

Nanging yen wis tekan omah, aku luwih seneng ngajak bojo lan bocah-bacah metu golek mangan. Muter-muter ndeleng kutha sing wis tak tinggal.

Sore iki aku kentekan ide, awakku kesel nanging tak coba tetep ngetik. Ndhik bengi aku turu jam siji, bar subuh wis mangkat. Awan mau turu ning kursi meh setengah jam. Ide-ide ilang kabeh.