Yen aku pengin karirku cepet munggah, aku kudu ning luar jawa. Sebab mangkono jalur sing umum ing pabrikku kanggo ngejar karir. Nanging sing wis ning luar jawa kabeh padha pengin balik ing jawa.

Yen aku tetep ing kene, apa aku klebu wong sing ora wani ngadhepi tantangan? Kadhang aku mikir, apa ta jan-jane sing tak goleki? Gaji? Posisi? apa liyane?

Kanthi gaji pas-pasan sakiki, aku wis rumangsa cukup, cedhak anak bojo, lan sedulur-sedulur. Jabatan yo ra patiya penting. Luwih penting piye carane menikmati (mensyukuri) apa wae sing wis diparingke dening Allah swt.

Sarapan ing warung langganan saben minggu esuk, mancing bethik karo cah-cah, pit-pitan ing jalan lingkar, nyang supermarket mung tuku indomie, ing pasar manuk mung ndeleng-ndeleng, nganter bojo ngajar sempoa, ngaji lan liya-liyane…ora isa dietung sepira gedhene kanikmatan sing diparingke Allah swt.