Bengi kuwi aku arep golek mangan. Mlaku turut trotoar saka kos-kosan banjur menggok nengen. Ing sak ngarepe hotel rada ngalor sithik ana wong tuwa lungguh, ing ngarepe ana tilas wadhah banyu sing didol ing gelas plastik. Ooo…jebule wong ngemis.

Ora ana sing aneh karo wong ngemis kuwi. Nanging ujug-ujug aku dadi mangkel, niat arep menehi dhit ra sida. Sebabe dhekne ngrokok. Kanggoku wong kuwi kemlinthi banget. Lha wong ngemis kok isa-isane ngrokok, padhahal rokok kuwi kan kebutuhan nomer pitulikur.
Yen dhekne ngemis, mesthine nggo mangan utawa kebutuhan penting liyane. Nek isih kuwat tuku rokok mesthine kebutuhan liyane wis kecukupan, dadi ra sah ngemis.

Ah mbuh, mbokmenawa aku pancen medhit.