Wang sinawang, yen di Indonesiakke mbok menawa dadi saling berpandang, asring kita mem vonis wong liya tanpa ngerti kahanan sakbenere, mung saka sawangane awake dhewe.

Asring kita ngganggep wong liya luwih mulya, luwih bagyo lan luwih liya-liyane tinimbang awakke dhewe. Sakwalike, kadhang-kadhang kita nganggep wong liya luwih sangsara tinimbang awakke dhewe. Kabeh mau mung saka satu sisi.

Ntes wae kanca lawas sing wis pisah wolulas tahunan kirim email, ncritakke susahe kerja ing Jakarta, njur nganggep aku luwih bejo. Aku mung ngguyu ing batin, lha wong aku ora kalah susahe karo dhewekne, mung bedane mung tak rasakke dhewe karo anak bojoku.

Sakiki, apa ana wong sing bener-bener bagyo, ngrasa aman ing tlatah kene? Tak kira ora ana, wong mlarat susah merga mlarate, wong sugih khawatir bandhane dirampog, wong pangkat khawatir di penjara. Kabeh mau mung butuh di-sabari lan di-syukuri.