HP ku muni, tak deleng saka sapa, mung nomer-nomer thok ora ada jenenge, artine durung ana ing address book. Tak tampa, jebule saka Pak A. Tak pikir masalah bendahara, jebule aku kleru.

Pak A crita duwe kangmas sak kutha karo aku. Wis patang tahun iki ora duwe gaweyan maton sakwise kena PHK. Emane, kangmase mau jarang srawung karo wong dadine ora akeh kenalane.

Pak A njaluk tulung yen aku duwe info lowongan supaya aweh khabar. Waah, yen masalah siji iki pancen rada angel….