Bubar tarawih, ana tamu uluk salam. E…jebule kanca lawas sing suwe ra ketemu. Dheweke tanggaku ya kancaku awit SD tekan SMP. Sakwise SMA dheweke nutuge ing SMA pinggir laut, dene aku ning pinggir sawah nanging uga pinggir dalan Deandles.

Dheweke wis suwe dhagang ing Jakarta, saiki bukak toko ing ngarep kantor P dan K (depdikbud) chedake pundhene mbah pujan. Jarene ing Jakarta dheweke kapusan olehe dadi agen klapa. Akeh sing ora mbayar sing ujung-ujunge ( piye jawane?) ndadekke bangkrut, kepeksa bali ndesa.

Jarene uga, ing wayah Pasa ngene iki akeh agen sing nakal, sing biasane nyetori gula sak trek ora gelem nyetor alasane stoke entek, mangka mung ditimbun nggo golek bathi. Mulane regane dadi dhuwur. Nek di pikir, yen bada, sing bada kuwi para bakul, cina sing duwe toko, lan super market. Dene para pekerja mung isa ngentekke dhuwit.

Neruske jagongan, dheweke pengin dodolan rosok, besi tua, kertas bekas lan liya-liyane. Tak kandhani yen ing cedhak omahku ana pengepul sing cukup gedhe. Banjur dhewekke njaluk alamat lan no HP ku. Tak gambarke peta nyang omahku barang, merga omahku rada mojok cedhak kuburan.

Tak matke, rambute wis metu uwanne/uban. He he he, jebule aku lan dheweke wis tuwa. Isih kelingan wektu SD golek manuk karo dheweke, njaluk rontogan tempe ing warunge mbahe, dolanan setin (kelereng) lan liya-liyane. Saiki, dheweke rambute wis ana sing putih, awake lan wetenge wis gedhi kaya kakange.