Ing desaku ana wis asem gedhe sing didadekke pundhen. Jarene ing kono panggonane mbah pujan, cikal bakale desaku. Setahun pisan dianakke sedhekah bumi ing pundhen iku.

Ana maneh adat kanggo wong sing lagi dadi nganten. Wong desa kene yeng dadi nganten kudu ngubengi wit asem iku. Yen ora jarene mbilaheni, gawe cilaka. Jaman aku SD ana wong dadi nganten banjur sing wedok rada owah pikirane, jarene merga ora mubeng asem. Jarene bapakku ana nganten sing mubeng asem nanging ora gelem mlaku, nganten iku pilih numpak mobil, akibate dadi lempoh alias lumpuh sikile.

Kuwi kabeh critane wong-wong desaku, nganti sakiki jarang sing wani nglanggar adat kuwi, bahkan (piye jawane), wong desaku sing kawin ing luar kota utawa luar pulau, merlokake mulih mung kanggo mubeng asem.

Wektu aku nikah, wis tak niyati ora bakal mubeng asem. Mesthi mengko rada rame. Lha tenan, bareng aku mulih saka nggone maratuwa, wong-wong tuwa banjur ngandhani aku supaya mubeng asem, karo ditambah crita sing meden-medeni.

Aku tetep ora gelem, karo tetep ndonga marang Gusti Allah, yen nganti aku nemoni bilahi ateges bakal nambahi kapercayane wong desa kono yen mbah pujan pancen digdaya, bakal luwih ngadohke wong-wong marang Gusti Allah.

Alhamdulillah nganti anak-anak papat, ora ana kedadeyan sing nggegirisi, yen ana kesandhung sithik-sithik tak anggep biasa. Sing penting aku wis mbuktekke, ora mubeng asem ora patheken.

Sing kerep tak nggo dalil nyang wong-wong, aku kandha yen mbah pujan ora nate nganakke sensus, dhewekne ra ngerti saiki aku penduduk ngendi.