Abab sing metu saka cangkeme awake dhewe arang banget isa dideteksi dening wong sing duwe abab. Abab bakal dirasakke dening lawan bicara.

Abab kaya penyakit jiwa, sing duwe ora ngrasakke, wong liya kena akibate. Wong sing seneng misuh-misuh, bengak-bengok, nesunan, nylekit omonge, ora sadhar yen kuwi kabeh sing ngrasakke wong liya. Wong edan semono uga, mung wong liya sing ngerti.

Manungsa, awakke kebak bolongan saka sing paling cilik sing diarani pori-pori nganti sing paling amba…cangkem. Bolongan-bolongan mau kabeh isa ngetokke zat lan sebagian isa ngetokke swara.

Kabeh zat sing ditokke bolongan mau, mayoritas manungsa nganggep barang reged/kotor. Coba dipikir, kringet, umbel, e-ek, pipis, idu, mreki/ketombe, nanah, kukul…ora ana sing berharga.

Ana sawijining peluang ben bolongan mau ora mung ngetokke kotoran. Cangkem, isa dinggo ngomong sing apik, ngandhani sing apik, ngajak sing apik lyy.