Mampir sholat maghrib wingi sore, ujug-ujug ana bocah cilik ngampiri aku karo muni: “pak, minta uangnya pak”. Yen mung bocah njaluk-njaluk wis biasa kanggoku, nanging sore kuwi ana rasa trenyuh ing atiku. Kenapa?
Bocah kuwi umur-umurane telung tahunan, sakbarakane anakku. Saka kadohan ana wong wadon loro ndeleng karo ngguya-ngguyu. Ooo jebule wong kuwi nek ora wong tuwane ya mbakyune.
Kok mentala banget wong-wong kuwi, bocah cilik sing isih wayahe dolanan wis dikon njaluk-njaluk. Atiku dadi ra jenak, nganti tulisan iki tak ketik isih ana rasa ra kepenak…..