Bosku, miturut dhewekne, wis dadi wong kang sukses. Wektu aku diundang lan diujar-ujari aku dipameri pangkate sing wis nyalip atasane mbiyen.

Nanging miturutku dhewekne patut dimesakke. Coba dipikir, pangkat sing dhuwur lan bayaran sing akeh kuwi digayuh kanthi kudu ninggalke anak lan bojone. Bayangke, dhewekne mung isa ketemu anak lan bojone yen dina libur thok. Bandhingke karo aku, jam papat thet, aku wis nggeblas, limang menit wis ketemu bojo lan isa nyeneni bocah-bocah. Ngko yen wis adzan magrib isa ngoprak-oprak anakku supaya enggal-enggal nyang mushola. Bubar sholat yen ora ana lawuh isa ngajak sak isine omah golek sega tahu lesehan sing regane sak porsi 2000 rupiah.

Ing omah aku isih isa ngingoni iwak, kura-kura, LAT lan manuk parkit. Bojoku isih sempat ngingoni anggrek sing sakiki lagi mekar-mekare. sanajan gajiku mung pas kanggo sesasi.

Durung maneh yen si Bos kuwi, ngujar-ngujari anak buahe. Nek aku sih wis ra patiya mempan diujar-ujari, prinsipku yen aku bener, mbok kuwi bos ya tak padoni. Pangkat dhuwur, gaji akeh nanging ora disenengi anak buah, apa gunane?

Aku kelingan sawijine syair, yen bos jaman saiki, yen duwe bojo kuwi bojone sopir sebab ngalor ngidul diterke sopir, yen duwe anak kuwi anake pembantu sebab sing ngopeni kabeh pembantu, yen duwe bojo(lanang) kuwi bojone sekretaris sebab sing ngopeni sekretarise.