Nek aku kon krama inggil marang wong tuwa-tuwa jan-jane isih isa. Lan pancen nek ngomong karo bapak-bapak, mbah-mbah, aku isih ngganggo krama inggil.

Ning kuthaku, akeh tak temoni wong-wong nganggo krama inggil nanging ora pas cak-cakane. Lha kepiye maneh, mesthine krama inggil ora dienggo ngramakke awakke dhewe nanging kanggo wong sing dijak ngomong (orang kedua). Contone ngene, kerep tak rungu wong-wong padha ngucap ‘kula badhe siram’, ukara iki nek krungu Bu Tumiyem lan Pak Mudakir (Guru basa Jawa), sing ngomong isa diunek-unekke ‘udelmu mbok cet’.

Bu Tumiyem, saiki nang ndi ya? Elingku Panjenengane kerep ngomong “Hara ta…” khas kidulan. Utawa pak Mudakir sing sering arep ngecet udele muride, mbuh saiki nang ndi.