Karo ngukur dawane trotoar, mataku nangkep tulisan ing mobil sing lagi lewat, ‘Quick Response’ mengkono tulisan ing mobil kuwi. Tak deleng sing numpak para anggota Polri. Tak gathuk-gathukke apa karepe tulisan kuwi, ooo…kuwi mungkin jaman mbiyen jenenge URC, unit reaksi cepat. Lha kok sakiki nganggo basa Inggris barang, apa karepe?
(lagi…)

Proses konversi saka HTM dadi PDF isa diproses kanthi online lewat situs htm2pdf.. Mbutuhke wektu sawetara menit merga internet sing tak nggo kagolong lelet.
Hasile lumayan, kabeh isine halaman dikonversi dadi pdf kabeh, dadi luwih gampang nyimpene.

Ngomong politik? Iya, mumpung bar Pemilu. Yu Sri sing ngrewangi ibune cah-cah wingi esuk bar nyontreng tak tanggap. Entuk dhit pira yu? 65 pak, lumayan. Malah kala wau badhe nyontreng didumi limang amplop.
(lagi…)

Karo nyetir aku ngrungokke radio Rasika. Jamal Boy lagi maca sms saka pendengar, aku pengin ngakak wektu dhekne maca sms saka wong sing jenenge Sarno, jarene Sarno kuwi Sarape Kena, ha ha ha.
(lagi…)

Apa obate yen bosen ngeblog? Mbok menawa iki obate: tetep nulis.

Esuk iki ing Suara Merdeka diwartaake yen ing Solo wis dibukak Night Market. Tertarik karo judule njur tak waca beritane. Oooo jebul pasar malem. Aku gumun, lha wong mung wong Solo ae kok ngawe istilah aneh-aneh. Mbok menawa wong Solo wis bosen nganggo basa jawa, oo… basa jawa mesakke men nasibmu

Akhir-akhir iki aku sering download file-file user manual kanthi format pdf. Ukurane umume ning orde Mega Byte, kadhang nganti 30 Mb. Susahe, koneksi internet ing pabrik ora patiya cepet.

Pengalamanku, kanthi koneksi sing lelet, yen aku download file pdf njur tak save as ing sawijining folder, 99 % mesthi gagal. Nanging yen file kasebut langsung tak bukak nganggo browser, senajan alon-alon akhire file kasebut bisa kebukak kabeh, senajan ukurane puluhan mega byte. Pancen mbutuhke wektu sing suwe banget nanging cara iki cukup lumayan, sinambi browsing liyane ngerti-ngerti download wis bar.

Ing pabrik, acara donor darah dianakke rutin saben telung sasi. Nganti dina iki kayane aku durung nate absen. Saben bubar donor wetengku mesthi ngelih, lha… iki sing tak senengi, aku dadi doyan mangan.

Nanging nate uga pas donor darah tensiku rada endhek, mung 110. Bubar donor rasane lemes banget, kaya wong bubar nyambut gawe abot.

Ndek bengi kancaku nyritakke kancane sing nesu marang kancane. Ngapa nesu? Sebab kancane kancane kancaku wis ora sarujuk maneh, nganti dhewekne di sms yen saiki wis tiru-tiru muladi alias mulai lupa diri…(nyuwun ngapunten sing kagungan asma Muladi).

Gara-gara detik.com, aku melu-melu dolanan PLURK

« Halaman SebelumnyaHalaman Berikutnya »