Spiritual


Ing ngarepe wong-wong lanang, wong wadon tuwa kuwi ngomong saru banget. Aku karo nulis iki isih krasa miris marang omongane. Jaman edan…
(more…)

Bubar sholat asar ditutuge kajian rutin kanthi nekakke ustadz. Kelebihane ustadz iki dibandhing liyane, dhekne pinter menehi motivasi marang audien supaya tetap optimis nglakoni urip iki.

Sang Juara

Salah siji sing isih tak eling-eling, awakke dhewe lahir saka persaingan kurang luwih 20 yuta per milli liter sel sperma. Sing menang mung siji lan dadi awakke dhewe iki. Dadi kabeh manungsa wis nate dadi juara siji. Mula saka kuwi ora oleh pesimis ngadhepi urip iki, lan kudu optimis isa mbaleni dadi juara ing bidhang liyane. (Iki jarene pak Ustadz)

Sawijining dina karo nunggoni anakku sing lagi dipriksa dokter, aku maca poster sing dipasang ing ruang tunggu. Ana gambar jeroane kuping, tak waca keterangane…
(more…)

Salah sawijining shahabat Nabi Muhammad SAW, kang karan Miqdad bin Amr dikenal minangka shahabat sing ora kesusu nan, lan banget ati-atine sak durunge mutuske samubarang marang sawijine pawongan. Bab iki disinauni saka Rasulullah SAW kang wis paring sabda: ” Atine manungsa luwih cepet umub katimbang isine priuk sing lagi umub…”

Piyambake asring nangguhke mbiji kang pungkasan marang sawijing wong nganti cedhak wayah matine wong mau. Tujuane supaya wong kang dibiji ora oleh utawa ora ngalami hal sing anyar maneh, sebab yen wis mati apa maneh sing isa berubah?

Padu utawa debat, ing jagat cyber dadi hal sing lumrah. Nanging aku bosen, mbiyen aku seneng maca debat-debat kasebut. Sakiki paling tak waca sedhela.

(more…)

Ing desaku ana wis asem gedhe sing didadekke pundhen. Jarene ing kono panggonane mbah pujan, cikal bakale desaku. Setahun pisan dianakke sedhekah bumi ing pundhen iku. (more…)

Jumatan ing mushala teknik sawijining universitas negri ing Jogja.

Wing bola-bali yen khatibe mahasiswa, ana ciri siji sing tak titeni, ngomonge kesusu-susu sajak ana sing nggudak-gudak.

Maklumlah, semangate isih kobar-kobar, sakabehe isine sirah pingin ditokke. Aku malah deg-degan ngrungokke….

Sasi iki, aku durung nulis blas. Mbuh kenapa aku kesed banget nulis.
Awan iki aku rada telah shalat dhuhur ing mushala, shalat jama’ah wis bar diteruske kultum. Merga pembicarane ora teka, diganti dening takmir.
(more…)

Mas Titis wengi iki ngajak kancane dolan nyang omahku. Kancane crita yen mbiyen kuliah ing UMY, sakdurunge wisuda kudu lulus mata kuliah maca Al Quran. Jare direwangi kursus nyang dosene kanthi mbayar.

Bengi iki, janjine tetap pengin sinau maca Al Quran. Muga-muga Gusti Allah nambahi ilmune lan maringi kefahaman…

Permadi ngramal ing : detik

“Nggak ada yang bisa mengantisipasi ini. Gusti Allah marah, leluhur marah, Ratu Kidul marah,” tandasnya.

(more…)

Next Page »