Mbuh


Konspirasi utawa kongkalikong, aku durung nemu buktine nanging tandha-tandhane wis katon. Nanging aku wis sepakat karo bossku, meneng dhisik.

Lewat klarifikasi kabukten, naskah kuwi ora nate tekan ing nggone, padhahal ing tingkat lokal kabeh ngarani naskah kuwi banget layake.

Awale aku sempat kaget, nanging sakiki wis plong… tunggu wae wektune.

Dina iki dina jumat. Jumatane wis bar, aku wis ning ngerep layar, arep mangan ora ana kancane. Wegah arep lunga nyang warung. Bar jumatan aku kelingan critane wong-wong sing jare yen jumat lunga jumatan ing Mekah merga ora ngetok ing mesjid setempat.
(more…)

Lagi ribut Blue Energy, ing sakabehing media. Ing blog-blog terkenal uga dibahas, komentare macem-macem, sing pro ora trima karo pendapate wong-wong sing kontra. Sing kontra tetep ragu-ragu yen dina iki isa nggawe sumber energi sing murah.
(more…)

Mulai dina iki anakku mbarep nglakoni ujian nasional SD. Tak waca ning koran akeh suara ora sarujuk karo acara UN iki. Ing kantor ana kanca sing cuti mung pengin nunggoni anakke ujian. Kancaku sijine nglajo ben isa ngancani anakke sinau. Lha aku????
(more…)

Terminal iki jan nggilani banget.
Dalane elek…
Perone elek…
Tempat ngetem bis, elek…
Kios-kiose elek…
Bis 3/4 te elek…
Ora ana sing isa dibanggakke.
(more…)

Topik iki wis suwe pengin tak tulis. Lagi iki kaleksanan. Ngene critane, anakku pilingane (daerah di antara mata dan telinga) muncul putih-putihe. Miturutku kuwi panu kaya biasane, njur tak wenehi Canesten. Nganti pirang-pirang ndina ora ana perubahan malah saya amba. Aku rada kuwatir, njur anakku tak gawa nyang dokter kulit.
(more…)

Maca surat pembaca ing harian nasional esuk iki, aku kok pengin komentar. Iki komentare wong meri apa komentare wong sing kurang gaweyan, mbuh aku ra ruh.
(more…)

Ntes wae tak waca blog-e kancaku, mung siji komentarku: hebat. Saiki dhekne wis dadi trainer motivasi. Ana sing ngganjel ing pikiranku, beda banget karo kancaku, dhekne wis netepke tujuan-tujuan uripe sing gunggunge puluhan lan sebagian gedhe wis kaleksanan. Nanging aku….???
(more…)

Yen aku lagi nyetir sing adohe puluhan kilometer, kerep muncul ide-ide sing pengin tak tulis ing blog iki. Nanging piye maneh, genah ora mungkin aku ngetik/nulis sinambi nyetir.

Yeng wis tekan omah, biasane awakku wis kesel, arep ngurupke komputer wegah, mangka koneksi internet ing ngomah ora ana masalah, anteneku dhuwure rong pulung meter wis diuji lindhu lan lesus, tetep on air wis meh rong tahun.

Nanging yen wis tekan omah, aku luwih seneng ngajak bojo lan bocah-bacah metu golek mangan. Muter-muter ndeleng kutha sing wing tak tinggal.

Sore iki aku kentekan ide, awakku kesel nanging tak coba tetep ngetik. Ndhik bengi aku turu jam siji, bar subuh wis mangkat. Awan mau turu ning kursi meh setengah jam. Ide-ide ilang kabeh.

Yen aku pengin karirku cepet munggah, aku kudu ning luar jawa. Sebab mangkono jalur sing umum ing pabrikku kanggo ngejar karir. Nanging sing wis ning luar jawa kabeh padha pengin balik ing jawa.
(more…)

Next Page »