Juni 19, 2008
Akhire keturutan olehku pengin duwe pesawat All Band. Malahan pesawat Yaesu FT-857D iki isa dinggo ing VHF lan UHF sakliyane HF sing wis umum. Pesawat sing lawas Icom IC-702 wis tak dol nggo nambani tuku pesawat iki.
(more…)
Juni 19, 2008
Akhire keturutan olehku pengin duwe pesawat All Band. Malahan pesawat Yaesu FT-857D iki isa dinggo ing VHF lan UHF sakliyane HF sing wis umum. Pesawat sing lawas Icom IC-702 wis tak dol nggo nambani tuku pesawat iki.
(more…)
Juni 19, 2008
Pesawate Pak Bs
Pesawatku…
Pesawate pak Nn lan Pak Lkt
Merga antene HF ku durung normal aku durung isa ngudara ing HF nganggo Yaesu FT-857D. Jan-jane pengin ngerti kwalitase. Iseng-iseng aku ngajak pak Nn, Pk Lkt lan Pak Bs njajal SSB ing 2 meteran.
(more…)
April 28, 2008
Aku karo bojoku rada was-was, wis wayahe wong-wong padha turu nanging dhekne durung bali. Aku bola-bola menyang latar ingak-inguk kiwa tengen mbok menawa dhekne bali. Nanging senajan khawatir banget, ora ana niat arep lapor pak RT apa maneh pak Polisi. Aku wis sepakat karo bojoku arep menehi pelajaran. Sing rada nguwatirke, akhir-akhir iki dhekne mulai kenal lawan jenis.
(more…)
Juni 27, 2007
Wis tak coba googling lan maca manual antena yagi, nanging durung nemu jan-jane yen masang antene yagi kuwi ing posisi horizontal pirang derajad kemiringane?
(more…)
Januari 4, 2007
Jan-jane aku wis ngingoni kura-kura brasil lawase 10 tahunan, wektu kuwi regane mung limang ewu. Sakiki gedhene kira-kira diameter 20 centinan. Rong ndina iki anakku rewel kon nukokke maneh, tak kandhani yen wis duwe, isih ngeyel wae jarene emoh sing gedhe. Njalukke sing cilik.
(more…)
September 2, 2006
Njajal ngingoni manuk kenari, ngoceh terus. Emane manuke cilik dadine ngocehe ra patiya banter. Web site rujukan:
Kenariku
Februari 28, 2006
Aku wis dipeseni sing dodol LAT, ati-ati yen LAT lagi moulting, biasane dipangan kancane merga sifat kanibale.
Ternyata bener, LAT sing lagi sedina moulting, esuk-esuk wis buntung organ-organe, dipangan LAT liyane. Sidane ya mati.
Februari 22, 2006
LAT, Lobster air tawar, ingon-ingonku sing anyar, mau sore akuariume tak tambahi banyu nganti kebak, banjur tak tutup karo kawat ram. Esuk mau tak tilikke, lho kok kari siji, endi liyane?
Tak buka filtere, jebul ana sing ndhelik ning kene. Nanging sing siji, lanangane sing paling gedhe ora ketemu. Nganti arep mangkat kerja isih ora ketemu,
Januari 25, 2006
Wingi sore listrik mati sedhela. Wektu kuwi aku isih ana ndalan arep mulih saka kantor. Tekan omah wong sak omah padha ribut ngepel. Lha jebule…
(more…)
Januari 9, 2006
Apa sing istimewa saka iwak? Kula lan panjenengan ngerti jenis-jenis iwak, ana iwak loh/air tawar lan iwak laut.
Nanging ing kampungku, jenise iwak luwih akeh maneh. Sebabe, wong-wong yen ngarani lawuh uga disebut iwak. Dadine, sakliyane anak iwah sepat, bethik, pindang lan kakap, isih ditambah iwak kebo, iwak sapi, iwak tempe, iwak krupuk lan sakteruse…
(more…)