IT Jawa


Email ing pabrik nggunakke exchange server. Nanging akhir-akhir iki njelehi, kirim terima email rada kacau. Ntes wae tak tes ngirim email nyang account gmail ku, nganti aku nulis iki durung tekan-tekan.
(more…)

Saben dina aku nganggo paling ora telung browser, Opera,Firefox lan IE. Luwih akeh aku nganggo Opera mergane luwih cepet tinimbang IE. Akhir-akhir iki aku kerep nganggo Firefox, ketoke luwih cepet tinimbang Opera. Nanging….
(more…)

Merga HP ku phone book -e wis kebak, kepeksa aku nganggo PDA maneh. Jan-jane rada wegah merga kegedhen. Sore kuwi mulih saka golek dhit, aku langsung njujug kolam niliki koi sing saya nggragas mangane. Karepku arep makani, nanging ora nyangka yen PDA sing tak saki malah kecemplung kolam.
(more…)

Kadhang-kadhang yen aku nyinkronke (synchronize) PDA karo komputer ora gelem connect. Menu ing Microsoft ActiveSync sing kanggo ndeteksi koneksi ora mbantu babar blas. Biasane aku banjur nggango cara bodhon kanthi nglakokke restart ben PDA gelem konek karo komputer.
(more…)

Merga saka karepe Manajer, aplikasi lawas kudu tak bukak maneh. Apliklasi sing isa ngirim jawaban otomatis lan nampa complain saka pelanggan via SMS. Emane, modem sing tak enggo mbiyen wis ra ana. Takon-takon karo kanca ing ruang sebelah jebul dheweke duwe modem siemen anyar MC35i. Tak silih terus tak coba tak hubungke port serial, tak tes nganggo Hyperterminal, receive sms isa nanging nganti tulisan iki tak ketik durung isa send sms…

Aku wis lali piye ngeset modem-e. Aku lagi wegah sinau maneh AT Command, tak deleng pdf e ana 122 halaman, njelehi banget. Sidane aku malah dolanan blog iki, nulis maneh….dasar kesed.

Merga durung pengalaman gawe blog, aku kangelan wektu nulis tanda ‘lebih kecil’ ing posting sakdurunge wektu nulis syarat kanggo fungsi. Tak edit bola-bali anggere tekan tanda “lebih kecil” tulisan sakngisore ora bisa muncul.
Jebule kudu nganggo entitas karakter kaya tanda < kudu ditulis & # 6 0 ; ditulis tanpa spasi.

Yen ing excel ora ana fungsi sing dikarepke, bisa digawe dhewe nganggo Visual Basic Module, sing uga dikenal sebagai Visual Basic For Aplication (VBA). Visual Basic Module iki ana uga ing Access, Word, Power Point, bahkan AutoCad. Yen bisa manfaatke VBA, gaweyan isa luwih ringkes lan luwih cepet.
(more…)

Download mobile chat sing nganggo basa Java dulu Jawa ndadekke aku kepengin ngerti kenapa ana basa pemrograman diarana Java. Sakwise googling sakwetara akhire ketemu ing kene lan ing kene.

Sakwise aku nambah antene tranceiver ing ndhuwure antene wifi, access internet dadi mati. Tak ping bola-bali ora ana reply, banjur tak coba ndeleng setting-e lewat internet explorer, kabeh normal….
(more…)

Apa kabeh wong sing duwe blog klebu blogsibisionis? Apa wong sing kakehan surfing suwe-suwe kena penyakit iki?

(more…)

Next Page »