Basa Jawa


Blog iki tak ngerteni sakwise ‘Titah’ aweh comment. Basa jawane standart, cocok kanggo sapa wae sing pengin sinau nulis basa jawa nganggo huruf latin.

Pancen sok-sok rada mbingungke yen arep nulis basa jawa nganggo tulisan latin. Wektu wulan wingi ning Jogja aku nemoni spanduk basa jawa sing kabeh huruf a ditulis nganggo huruf o. Yen sing maca dudu wong jawa unine bakal lucu. Coba yen paragrap iki tak ganti nganggo huruf o, mesthi angel macane : “Pancen sok-sok rodo mbingungke yen arep nulis boso jowo……”, kakehan huruf o ….

Mlaku-mlaku nganti perbatasan Jawa timur ing sak kiwa-tengene dalan aku weruh babagan sing ra patiya lumrah. Aku weruh akeh instansi lan perusahaan padha masang spanduk. Jan-jan e yen mung spanduk ora ana sing gawe aku gumun.
(lagi…)

Nek aku kon krama inggil marang wong tuwa-tuwa jan-jane isih isa. Lan pancen nek ngomong karo bapak-bapak, mbah-mbah, aku isih ngganggo krama inggil.
(lagi…)

Trasliterasi huruf jawa isa dideleng ing kene. Senajan huruf jawa diunekke kaya huruf “o” (seperti pengucapan kata ‘bohong’) nanging nulise ora ngango “o”. Contone : lunga (pergi) ora ditulis lungo. (lagi…)

« Halaman Sebelumnya