Basa Jawa


Kompas Jawa Tengah, halaman C, Indra Tranggono, pemerhati kebudayaan, tinggal di Yogyakarta, nulis kanti judhul “Nasib Bahasa Jawa dan Pragmatisme Berbahasa”

Indra takon, pemberlakuan “hari wajib” berbahasa jawa apa efektif?. Dijawab dhewe, jelas ora efektif. Mergane masyarakat kita ternyata cenderung menyukai bahasa Indonesia sing belang blontheng nanging dianggep komunikatif. Indra ngarani gaya campursari.

Ing sak walike gaya campursari, ana arus besar nanging intensif nggerus basa lokal termasuk basa jawa, yakni pragmatisme dalam berbahasa.

Pragmatisme berbahasa ora nganggep penting “kebenaran” bahasa, nanging “guna” utawa fungsi bahasa secara praktis: yang penting (ber)bahasa itu komunikatif.

Karo ngukur dawane trotoar, mataku nangkep tulisan ing mobil sing lagi lewat, ‘Quick Response’ mengkono tulisan ing mobil kuwi. Tak deleng sing numpak para anggota Polri. Tak gathuk-gathukke apa karepe tulisan kuwi, ooo…kuwi mungkin jaman mbiyen jenenge URC, unit reaksi cepat. Lha kok sakiki nganggo basa Inggris barang, apa karepe?
(lagi…)

Karo nyetir aku ngrungokke radio Rasika. Jamal Boy lagi maca sms saka pendengar, aku pengin ngakak wektu dhekne maca sms saka wong sing jenenge Sarno, jarene Sarno kuwi Sarape Kena, ha ha ha.
(lagi…)

Marsudi

Marsudi

Marsudi unggah-ungguh basa Jawa“, kuwi sawijining judhul buku sing tak temokke ing books.google.co.id. Ora ngira ing google ana buku basa Jawane. Kayane buku iki cocog kanggo sapa wae sing kepingin nguri-nguri uripe basa jawa, lho kok malah promosi…

Anakku ngguyu ngakak bareng tak ajari nembang jawa. Dudu tembang jawa balane sinom, megatruh lan liya-liyane, nanging tembang jawa dolanan. Ora ana siji-sijia sing sakiki diulangke ing sekolahan.
(lagi…)

Cangkem, coba sampeyan rasakke, yen aku muni “cangkemmu”, mesthi krasa kasar. Ya, ntes wae aku maca komentar ing detik.com, ana wong sing ngomentari sawijining dosen : “pak x cangkem mu lho…”.
(lagi…)

Aku yen ngomong jawa karo bossku ing kantor mesthi nganggo krama inggil. Mergane bossku sing mulai, aku dadi pakewuh.
(lagi…)

Lebi, ukara iki muncul maneh wingenane awan. Ukara iki kerep tak rungu wektu aku isih SD. Wong kutha mesthi ra ana sing ngerti tegese. Lebi kuwi tegese tutup, lawange dilebi tegese lawange ditutup.
(lagi…)

Sampeyan sing lair sakwise reformasi mesthi ra ngerti tegese tembung kopet. Sok-sok ana sing ngarani kepet. Tembung iki tegese rada kemproh, naah apa maneh kuwi kemproh?
(lagi…)

Cangkriman kuwi yen di Indonesiakke padha karo teka-teki. Aku isih kelingan beberapa (basa jawane apa?) cangkriman jaman aku isih bocah.
(lagi…)

Halaman Berikutnya »