Pemerintah berhak paksa bayar pajak, mengkono unine judhul ing www.liputan6.com . Aku setuju karo pernyataan iki. Nanging mesthine kantor pajek kuwi yo mikir sithik. Jan-jane sing butuh pajek kuwi sapa? Rakyat apa pemerintah?
Conto cilik, wektu aku arep mbayar pajek kendaraan bermotor ing samsat aku dadi kapok, muli kuwi sakiki mesthi tak titipke wong liya. Coba dibayangke, wong arep setor dhuit kok dikon untel-untelan ing ngarep petugas, ngadek suwine ra mekakat. Wong mung arep setor dhuit wae dingel-ngel, aku isih mangkel nganti sakiki.
Terus soal NPWP, wektu aku takon-takon kancaku apa perlu aku nduwe NPWP, kabeh kandha ora perlu, nambahi gaweyan, ngisine angel, tambah repot wis pokoke kantor pajek golek enake dhewe.
Apa ra isa, pegawe pajek mbukak payment point pajek sing nggampangke rakyat setor dhuit? Apa ra wani petugas pajek ngeterke tagihan PBB ing omah-omah, ora mung dititipke kelurahan? Jan-jane sing butuh dhit sapa sih?
Aku isih ndeleng, kantor pajek ora gelem rekasa ning karepe kabeh rakyat kanti rekasa kudu mbayar pajek. Kudune wong-wong ing kantor pajek mulai mikir pelayanan, yen pengin asile akeh, pelayanane diapiki, jemput bola lan ora digawe angel. Yen perlu pegawe pajek kudu nagih ing omah-omah, lha wis piye, wong ndhekne dibayar mosok mung kon thenguk-thenguk ing kantor nunggu setoran?
Nyuwun ngapunten para petugas pajek, aku warga negara sing gelem mbayar pajek, gajiku wis dipotong pabrik nggo mbayar pajek, montorku ya mbayar pajek, mobilke yo mbayar pajek, omahku yo mbayar pajek, yen blanja ing supermarket ya kena pajek, mbayar listrik kena pajek (PPJU), njajan ya kena pajek, kurang apa maneh?
Dadi yen aku nggremeng soal pelayanane kantor pajek ya aja nesu…
September 9, 2008 at 6:28 am
“Conto cilik, wektu aku arep mbayar pajek kendaraan bermotor ing samsat aku dadi kapok, muli kuwi sakiki mesthi tak titipke wong liya. Coba dibayangke, wong arep setor dhuit kok dikon untel-untelan ing ngarep petugas, ngadek suwine ra mekakat. Wong mung arep setor dhuit wae dingel-ngel, aku isih mangkel nganti sakiki.”
->Mas, samsat kuwi mlebune pajek daerah, kang dikelola polisi. Nyuwun tulung dibeda’ke karo kantor pajek. Njenengan protes wae karo polisi.
“Terus soal NPWP, wektu aku takon-takon kancaku apa perlu aku nduwe NPWP, kabeh kandha ora perlu, nambahi gaweyan, ngisine angel, tambah repot wis pokoke kantor pajek golek enake dhewe.”
->wadhuh….lha iki lak isih sebatas praduga to…kudu dibuktikke…coba njenengan dewe sing mbukte’ake….
“Apa ra isa, pegawe pajek mbukak payment point pajek sing nggampangke rakyat setor dhuit?”
->Mas, dak aturi pirsa..mbayar pajak kuwi lewat bank.ora lewat kantor pajek.ning kantor pajek mung kanggo laporan menawa panjenengan wis bayar pajek.
“Yen perlu pegawe pajek kudu nagih ing omah-omah”
->ki tak aturke maneh,pegawe pajek ki gunggung kepruk ana 62.000. lha saiki cacahe omah sak indonesia pira? apa ya cukup?
“Dadi yen aku nggremeng soal pelayanane kantor pajek ya aja nesu….”
->lah apa panjenengan wis nate ngrasakake pelayanan neng kantor pajek tenanan? gek2 malah durung nate?coba wae mas neng kantor pelayanan pajek neng kuthane njenengan..
Nuwun sewu sakdurunge.aku mung pesen soal bayar pajek…aja digebyah uyah…pajek iku beda2.ana pajak pusat (PPh, PPN, PBB) lan Pajek Daerah(saliyane kuwi mau).
September 12, 2008 at 7:21 am
Matur nuwun penjelasane.
Pancen aku rada nggebyah uyah, nanging coba digalih, apa rakyat sing mbayar pajek kuwi pedhuli, pajek kuwi kuwi nggo dhaerah, nggo pusat apa nggo pulisi.
Soal NPWP aku tetap percaya karo bagian keuangan ing pabrikku.
Gunggunge pegawe pajek pancen terbatas nanging ora kena nutup inovasi nggampangke mbayar pajek kanggo rakyat. Kenapa mung lewat bank, kenapa ora lewat sms banking, kenapa ora lewat internet banking kenapa, kenapa…Njalukku ayo digawe gampang yen ana rakyat arep mbayar pajek.
Aku wis nate ning kantor pelayanan pajak, ngurus balik nama PBB, wektu kuwi ana kancaku sing dadi pagawe pajek ing kono, mbuh merga kuwi pelayanane dadi lancar apa pancen biasane ngono aku ra reti.
Sepisan maneh, rakyat ora pedhuli pajek kuwi nggo pusat kek, nggo dhaerah kek, nggo desa kek, nek jenenge pajek berarti aku kudu metu dhuit.
Desember 15, 2008 at 4:56 am
bagaimana bentuk surat paksa?
Desember 8, 2009 at 12:00 am
dasar wong keset2..manja..sok ningrat…kon antri we ra gelem. mbukako kantor dhewe kono. ..ojo mung sambat thok.
Desember 16, 2009 at 3:24 am
weleh-weleh, sing tak protes iki dudu antrine, coba dipikir, nek pemerintah pengin duwit pajek mlebu luwih akeh mestine nggawe cara ben masyarakat gampang olehe mbayar.
Lha wong sakiki mbayar apa wae isi lewat atm, sms lan paypal. Nek aku keset, nek aku ningrat, aku pilih ora mbayar pajek, lha wong ningrat kok isih mbayar pajek… sing gelem mbayar pajek kuwi rakyat elek kaya aku tak rewangi cuti lehku golek dhit. Ngertiya bos, nek aku cuti gajiku dipotong. Apa isih kurang olehku berkorban mung arep mbayar pajek?
Nek sampeyan ra gelem disambati yo wis, berarti nganggep pelayanane kantor-kantor kuwi wis top markotop, sampeyan luwih seneng para rakyat mlarat elek tuwek pada bisu ra kakean protes.
Mbukak kantor dhewe? Iki jawabane wong sing cupet, jawabane wong ra duwe solusi, tur akeh tunggale…