Cangkem, coba sampeyan rasakke, yen aku muni “cangkemmu”, mesthi krasa kasar. Ya, ntes wae aku maca komentar ing detik.com, ana wong sing ngomentari sawijining dosen : “pak x cangkem mu lho…”.
Tembung-tembung sing sak jane “netral”, yen di ucapke ing kahanan tertentu, bisa-bisa dadi pisuhan. Umume jenenge anggota badhan isa dadi pisuhan. Mbuh, aku ra ruh kenapa jenenge anggota badhan cocok banget dadi pisuhan. Contone, matamu, udelmu, ndhasmu, dhengkulmu lan liya-liyane. Nanging ora kabeh cocok yen dinggo misuh, contone: rambutmu, jempolmu, kupingmu (yen ditambahi kopoken isa dadi pisuhan) lan liya-liyane.
Ana maneh tembung-tembung sing favorit kanggo misuh, yakuwi jenenge kewan-kewan kayata, asu, bajing, wedhus, babi, munyuk lan liya-liyane. Nanging uga ora kabeh jeneng kewan cocok kanggo misuh, contone: semut, pitik, bebek, jaran…
Mbuh sapa sing mulai, tembung-tembung kuwi kok cocok kanggo misuh. Aku ora arep ngajare sampeyan kabeh misuh, sebab kabeh mesthi wis pinter tanpa diajari. Ning ndalan, ning sekolahan, ning radio, ning tipi, wis akeh wong misuh….sampeyan mesthi pinter ‘dengan sendirinya’.
Sing paling becik, ra sah misuh !!!
Mei 24, 2008 at 2:53 pm
Guru boso jowoku tau ngajari misuh-misuh nanging alus..
“kake’anipun panjenengan niku ……”
“tutu’ipun panjenengan niku lho Pak, nuwum inggih lha mbok yaho diatur”
lan sapanunggalane..
Juni 18, 2008 at 8:35 am
Mas sa jane ing jaman saiki wis lumrah yen wong nom wani guyon karo wong sing umure luwih tuwa jalaran kadang-kadang justru wong sing lewih tuwa iku lewih kurang asem (gawe contoh sing ora apik marang wong sing luwih enom) mulo saka kuwi aku dewe nganggep yen konco-konco guyon nyankem-nyakemke marang wong sing luwih tuwa aku anggep wajar tapi yen menurut angah ungguh yaa ora relevan lah yaaa?
September 23, 2008 at 1:26 am
yo kudu umpan papan mas
ndelok ndelok sopo sing di ajak ngendiko
guyon yo guyon tapi kudu sing maton
mosok nek matur neng bapak’e dewe arep di “cangkem-cangkem” ne lha sido kuwalat panjenengan mengko