Aku yen ngomong jawa karo bossku ing kantor mesthi nganggo krama inggil. Mergane bossku sing mulai, aku dadi pakewuh.
Boss ku pancen asli Sala, priyayine alus ora kaya aku sing rada kasar. Saiki aku wis pindhah, sawijining dina ketemu ing sawijining acara, aku ngobrol ngganggo krama inggil, kanca-kanca liyane padha gumun nganti ana sing ora sabar ngomentari obrolanku sing nggango krama inggil.
Aku ra gumun yen ana wong sing ngobrol nganggo basa asing, nanging coba panjenengan pirsani ngiwa nengen mesthi arang banget ana wong nom sing ngomong karo kancane nganggo krama inggil.
Yen aku ketemu Pak F, uga saka sala sing umur-umurane padha aku, uga sering ngobrol nganggo basa krama, rada lucu, nanging aku luwih seneng…
November 25, 2007 at 4:38 pm
pakewuh napa perkewuh?
Januari 7, 2008 at 8:20 am
mas, pingin belajar krama inggil menyang panjenengan angsal mboten…. lha basa ku pathing pecotot
Juni 17, 2008 at 9:06 am
pekewuh yo pekewuh, ning ora iso tenanan.
kading kolo mirsani sedherek saking njawi niku saget etung-etung namung dugi gangsal, sakteruse ora biso, menopo wonten ingkang saget?
Juni 18, 2008 at 8:22 am
mas kulo niku remen sanget menawi panggih kalih tihang jawa, saniki kulo kangen ngomong jawa lah wong kulo niku tihang jawa nanging kurang pinter matur jawa sing nganggo krama inggil lah nggih kados meniko bahasa kulo inkang radi pating pecothot ….maturnuwun