Cangkriman kuwi yen di Indonesiakke padha karo teka-teki. Aku isih kelingan beberapa (basa jawane apa?) cangkriman jaman aku isih bocah.
1. Rasane padha karo jenenge = sepet
2. Biru bisane wungu dikapakke? Digebug, biru = babi turu, wungu = tangi.
3. Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh. = wong mikul tumbu utawa wadhah liyane sing sikile papat.
4. Enak endi, daging kucing karo daging pitik? = yen jawabe daging pitik, tegese sampeyan wis nate mangan daging kucing.
5. Burnas kopen, = bubur panas kokopen
6. Jinekpa surba ngisi = kaji menek klapa, susure tiba, ditangisi.
7. Jipat surlat kenthol = kaji mlumpat, susure mencelat, tekene ngganthol.
8. Langdikum ditasbir = lulang dikum, dientas njebibir.
9. Suru bregitu = asu turu dibregi watu
10. lan liya-liyane…
Juni 20, 2007
Juli 2, 2007 at 7:13 am
nderek nepangaken menika..
cangkrimanipun sae lan saged damel gumuyu
mugi-mugi samangke kathah ingkang mangertosi blog punika
matur nuwun
Agustus 2, 2007 at 6:02 am
wonten malih sanesipun mas
Geplak wedang jahe
bareng penak meneng wae
Golek pelem grethel arit
didemok gelem, di ciwel njerit
Kantor pos kulon boyolali
bokonge tepos, kakehan la………..ri
Agustus 15, 2007 at 1:01 am
Aku kok dadi kelingan karo simbahku toh yo..mbiyen antarane th 60 an, simbah nek guyonan karo aku yo nyangkrimi koyo kui..sing isih tak elingi koyo toh : suru bregitu, siji maneh sur dek ewer ewer = susur ning nggedek diewer-ewer….mbuh adiku sing cilik menowo sing ngewer-ewer…haaaahaa..(tepungaken kulo Wage piyantun Cepu merantau teng Samarinda)
Juni 8, 2008 at 6:01 am
matur nuwun ki sanak, mugi tansah asring dedamel cangkriman malih nggih !
Juni 26, 2008 at 8:10 am
Ha..ha… nggih… aku uga njur kelingan dhek ijih cilik.. angger bar dho gobak sodor, terus turu bareng karo kanca-kanca neng amben pendhapa, sadurunge keturon dho cangkriman werno-werno karo cekikikan kae. ana sing lucu malah ana sing sok saru barang…. upamane: ipak tusik icip turi, apa???
sing iso dibatin wae…! iki mung kenangan masa kecil!
Oktober 15, 2008 at 12:16 am
pancen cangkriman kuwi kadang nggarai ngguyu utawa malah nesu. Soale kadang malah dadi isine digawe plesetan nyindir kancane
April 23, 2009 at 5:10 am
keman opo seng ndas-e neng sikil,matane neng sikil,irunge neng sikil,cangkeme neng sikil,kupinge neng sikil,sikil neng sikil?=anak pitik kepidak.wakakakakaka……….
April 23, 2009 at 5:14 am
wong menek pelem ketok apane?=ketok khayale….
nopo wonten tiang menek pelem,seng wonten nggih tiang menek wit pelem
Juni 20, 2009 at 6:03 am
niki sedanten ngelingake naliki taksih alit kulo rumiyen saweg nedi sego jagung, weteng dereng wareg nanging lambe sampun ail, lan sego aking, duhhhh……nelangsane!
September 14, 2009 at 3:31 pm
nanging kok kathah ingkang klentu nggih, antawise cangkriman, jarwo dhosok/kerata basa, lan parikan kok dipun anggep sami. Leresipun menika benten. Muga dados kawigatosan..
Oktober 2, 2009 at 12:12 pm
cangkriman ki kurang lengkap.nek iso sing lengkap maneh