Merga pengin tuku barang kanthi online, aku nyoba ndaptar paypal. Sakdurunge aku golek kartu kredit ndhisik. Kanthi proses sing ora patiya rumit akhire aku ndhuwe account paypal, merga wis nganggo bahasa Indonesia. Aku wis isa mbayar transaksi online tanpa nglebokke nomor kartu kredit.
(lagi…)

Sakwise buka ing Klaten, kabeh sepakat shalat jamak ta’khir ing Purwodadi. Merga weteng wis wareg, olehku nyetir rada tenang sakiki. Karo ngemil mete lan bola-bali ngombe aqua akhire tekan Solo.
(lagi…)

Ngerti-ngerti aku wis ana ing antarane kerameyan kuwi. Aku maju, tak deleng ana mayit sing diwadhahi plastik kaya ing TV-TV kae. Mak tratab atiku, mayit kuwi wong sing arep dipateni dening kancaku kaya rembugan sak durunge. Sing marahi ntratab, aku teka ing pirembugan kuwi…
(lagi…)

Awit aku omah-omah nganti sakiki, rumangsaku aku ora tau terbebas saka utang. Wis nasibku, urip pisan wae senengane utang. Jan-jane ngono ora seneng utang, iki kepeksa, utawa memaksakan diri.
(lagi…)

Kompas Jawa Tengah, halaman C, Indra Tranggono, pemerhati kebudayaan, tinggal di Yogyakarta, nulis kanti judhul “Nasib Bahasa Jawa dan Pragmatisme Berbahasa”

Indra takon, pemberlakuan “hari wajib” berbahasa jawa apa efektif?. Dijawab dhewe, jelas ora efektif. Mergane masyarakat kita ternyata cenderung menyukai bahasa Indonesia sing belang blontheng nanging dianggep komunikatif. Indra ngarani gaya campursari.

Ing sak walike gaya campursari, ana arus besar nanging intensif nggerus basa lokal termasuk basa jawa, yakni pragmatisme dalam berbahasa.

Pragmatisme berbahasa ora nganggep penting “kebenaran” bahasa, nanging “guna” utawa fungsi bahasa secara praktis: yang penting (ber)bahasa itu komunikatif.

Aku ora arep mbahas hukume rokok. Aku mung prihatin, wis bola-bali angger aku mulih saka olah raga, lewat ngarepe mall kuwi, mesthi tak temoni cah SMP padha ngrokok.
(lagi…)

Akhire aku njajan opor panggang ing sak kulone warung gudheg sing njelehi kuwi. Warunge kebak, nanging dijamin ora ana limang menit wis diladeni. Lagi lungguh langsung diparani pelayane, ngujuk napa pak? Aku teh panas gulane sithik wae…
(lagi…)

Minggu esuk wingi aku ora pit-pitan kaya biasane. Yen pit-pitan ing saktengahe perjalanan aku mesthi mandheg ning warung langganan, sarapan sega tahu ngombene teh panas diperesi jeruk nipis, wah…gembrobos, seger buanget.
(lagi…)

Awan iki aku jumatan ing mesjid tertua ing kutha iki. Tekan mesjid shaf sing paling ngarep isih ana sing kosong, aku njur milih lungguh ing kono. Shalat rong rekaat lan sakteruse. Sing khutbah pak Kyai biasane. Alhamdulillah aku ora ngantuk nanging aku rada kangelan konsentrasi ngrungokke khutbah.
(lagi…)

Dhonor dharah rutin dianakke ing pabrikku telung sasi pisan. Kenapa telung sasi pisan, bareng tak waca ing wikipedhia kondhisi dharah mbalik normal sakwise 59 dina, kurang luwih telung sasi.
(lagi…)

Halaman Berikutnya »